NAMA: Fahri Ivansyah & Bayu Kiantoro KELAS: 9B Cerita Lucu Bahasa Jawa 1. Dokter Gigi dan Simbah Fahri : Bay , untune jenengan niku sampun ompong, kulo pasangi untu anyar mawon nggih? Bayu: Yowis rapopo, lha rego piro? Fahri: Murah Bay naming rong yuto mawon. Bayu : Yo pasangen wae, gek ndang Fahri: (masang untu palsu dingo Bayu) Fahri wis rampung masang untu palsu dinggo Bayu. Bayu ngekeki duit nang Fahri. Bayu: Iki Fah duite, tak bayar pas rong yuto yo. Fahri : Nggih mbah matur suwun nggih. Bayu wis mlaku tekan latar klinik gigi trus diceluk meneh karo Fahri Fahri: Bay niki duite palsu! Jenengan bade ngapusi to? Bayu: Lha ngapusi pie? Fahri: Lha niki duite jenengan palsu lakyo ngapusi. Bayu: Yo pak dokter kan masang untu palsu nang cangkemku to, yo aku bayare nggo duit palsu. Wong podo-podo palsune. Fahri: ???????